CERITA LUCU MAS PLUIT UNTUK MENJADI WARGA PUCUNG...Timbang nganggur Kur iki enek crito
Naliko semono , pertama kali aku mlebu desa pucung enek pengalaman yg menggemaskan ,nek ra kliru th 1998
Naliko kui aku mudun songko Bis enek pasar eromoko, salah sijine ojek towo neng aku
Tukang ojek@ Mas ojek Mas, bade tindak pundi?
Aku@o nggih Mas ,kulo Jenggolo teng pucung@
Tukang ojek@ pucung lor nopo pucung kidul Mas?
Aku@pucung lor Mas
Tukang ojek@ooo nggih monggo
Aku@ la pinten Mas ongkose?
Tukang ojek@gansal welas ewu mawon Mas
Aku@nggih pun monggo
Wektu kui aku durung tepung siji"o warga pucung
Ojek mangkat aku di bonceng tumuju desa pucung
Enek tengah perjalanan tukang ojek takon
Tukang ojek@la Jenggolo teng nggene sinten Mas
Aku@nggene Suliyem Mas
Tukang ojek@la daleme pundi?
Aku@jumapolo karanganyar Mas
Tukang ojek@wah la kog tebih Mas, wonten perlu nopo To Mas?
Aku@anu Mas kulo niki calon bojone Suliyem
Tukang ojek mantuk" karo mindah gigi perseneleng mergo arep munggah dalan sambilawang
Bareng wis teko nggone tukang ojek ndingkluk, karo nampani duwit bayarane terus langsun nguntir gas koyo maling wedi konangan
La bareng wis suwe antarane rong tahunan pas do jagongan enek warga pucung kidul crito ,
Kang pluit ndisik pertama Irene tak apusi
Tak tawani ojek tak terne gek tak kon mbayar,
Aku trs mak plenggong Kario ngguyu trs muni , kog urip koe ki,
Jan nek kelingan gur ngguyu", anyel
PUTRO NDESO
Komentar
Posting Komentar